Sugeng Rawuh Wonten Bandhongan.blogspot.com

Selasa, 03 Juni 2014

Budaya Saparan



Budaya saparan adalah upacara adat yang dilakukan oleh masyarakat di Desa Kopeng, Kecamatan Getasan, Kabupaten Semarang pada saat bulan Sapar. Tradisi tersebut sudah dilaksanakan turun-temurun dan dimulai sejak 1918. Pada tahun tersebut, tepatnya bulan Sapar, wilayah mereka dilanda pagebluk. Untuk menghindarinya, para orang tua kemudian mengadakan Saparan, yang menjadi tradisi hingga sekarang.
Saparan dilaksanakan selama tiga hari dan diisi arak-arak 11 tumpeng besar dari 10 RT dan satu dari kepala dusun, kendurinan (selamatan desa), makan tumpeng bersama, wayangan, kethoprak, kuda lumping, dan warok. Hal utama dari tradisi Saparan ini adalah mohon keselamatan dan ketenteraman sekaligus ungkapan rasa syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa, atas limpahan air Umbul Songo yang telah menghidupi warga Kopeng dan wilayah sekitar.
Selain memberikan sesaji di mata air tersebut, warga juga menampilkan semua jenis kesenian. Satu kesenian yang tidak boleh dilanggar adalah pementasan wayang kulit. Ini wajib dilaksanakan di seluruh dusun di Kopeng. Setiap rumah biasanya juga menyediakan berbagai makanan dan jajanan. Tidak ketinggalan makanan khas Kopeng di bulan Sapar adalah geplak jagung. Makanan khas Kopeng ini hanya muncul pada perayaan Saparan. Jadi kalau bukan bulan Sapar, makanan ini sulit dijumpai. Siapapun yang bertamu dan berkunjung kerumah penduduk dipersilahkan untuk menikmati semua makanan yang telah disediakan, meskipun hanya pengunjung ataupun wisatawan.

Jumat, 13 Desember 2013

Nyritaake pengalaman lucu



A.      Micara
Nyritaake Pengalaman Lucu
    Pengalaman iku guru sing paling apik. Ujar-ujar iku mau pancen bener, sebab kanthi anane pengalaman, wong urip kang ndueni akal sehat mesthi bisa njupuk pelajaran saka pengalaman iku mau. Beda wong, beda uga pengalamane. Ana pengalaman kang nyenengake, gawe ngguyu, gawe sedhih lan liya-liyane. Tapi sing mesthi, pengalaman iku kabeh ndueni  arti kang beda-beda kanggo kabeh wong, senajan pengalaman iku dilakoni bareng – bareng.
Nyritaake pengalaman lucu kudu ndueni kepinteran babagan crita, supaya wong kang ngrungoake crita ndue kawigaten lan bisa kegawa ing kahanan kang daddi tujuane crita. Ora kabeh wong bisa crita kanthi menarik. Dene babagan kang kudu di ngerteni  nalikane crita yaiku :
1.       Isine crita
2.       Tetembungane
3.       Solah bawane (Tingkahe) kang crita

Wacanen kanthi premati crita ing ngisor iki !
Ora ditarik
Pengalaman kie tek alami wektu inyong mulai sekolah nang SMA Ma’arif Karangmoncol. Jalaran SMA kang nganggo cirri Islami, mulane kabeh siswa wadon nganggo jilbab kabeh, semono uga inyong. Pertama nganggo jilbab rasane ora betah banget, sumuk, ribed, ya dadi suwe gole inyong dandan.
Mangkat sekang umah jam tengah pitu, inyong langsung njanggleng metonggo nang pinggir aspal karo ngenteni ana koperades lewat. Ana sing mandeg ning ngarepe inyong , inyong gedeg karo ngomong “ mengkin pak, nunggu kancane “.
Sekang njero pak supir njawab, “ wis mayuh lah mba, wong kudungan numpak koperades tuli ora ditarik “
Lha inyong tertarik karo omonge pak supir mau, trus aku numpak baen, njagong methengklis ning jok mburi pak supir. Tekan pasar manis Karangmoncol ana biyung-biyung nganggo kudung mudun, nggawa rinjing isine tahu karo more bek serinjing punjul setampah. Tek delengna baen sebab inyong penasaran, apa iya ora ditarik ?. Tapi bar mudhun, biyung biyung kue trus mbayar maring pak supir. Lha keget, bingung campur aduk, inyong takon maring pak supir, “ Pak demene niko wong kudungan tetep ditarik ?”
Supire nyengir karo njawab, “ lha ditarik keprimen ? masa ana wong kudhungan kon ditarik ? ya mengko inyong domehi wong. Angger numpak koperades ya tetep mbayar, tapi kan ora ditarik mbok ? kudhunge maksude lho …”oalah … salah pemahaman kieh inyong, asem, ketipu…

Wacana narasi



Nulis wacana narasi
Wacana narasi yaiku wacana kang nyritaake kanthi cetha rerangkening tumindhak ing ajroning peristiwa ing sajroning wektu.
Carane nggawe wacana narasi kang kawitan yaiku gawe cengkorongan utawa rengrengan kanthi nentoake ukara – ukara bakune. Sabanjure cengkorongan iku nembe di jabarake dadi sawijining wacana narasi.

Conto cengkorongan :
1. Darma metu saka umah
2. Darma nunggu koperades
3. Darma ketemu Satya ing njero koperades

Tuladha wacana narasi saka cengkorongan ing ndhuwur kaya ing ngisor iki
Esuk iku Darma wis siap nganggo klambi abu-abu putih kang esih anyar durung kelakon dikumbah jalaran pancen nembe dijukut saka tukang jahit. Jam ing ndhuwur meja kamar nunjuake angka 6.30 menit. Rada kesusu Darma banjur nyandhak tas kang uwis disiapake saka weng. Bubar pamit salaman karo biyunge kang lagi nggawa kumbahan, Darma banjur metu saka umah kanthi sumringah sebab pancen iki dina pertama mlebu sekolah.
Angin kang sumilir alus esuk iku ora de rasa dening Darma, senajan dalane lunyu jalaran mau bengi pancen udan uga ora daadi alangan kanggo Darma. Ora suwe Darma wes ngadeg ana ing pinggir dalan gede nunggu koperades liwat. Rada gelisah karo sepisan-pisan ndeleng jam ing HP, Darma clingak-clinguk menawa ana koperades liwat. Sawise nunggu antawise 5 menit, sing dienteni liwat, Darma banjur mlebu marang koperades sing wes mandheg nang ngarepe.
Ing njero koperades wes bek ing penumpang bocah-bocah sekolah karo wong kang arep mangkat menyang pasar manis. Anteng banget Darma anggone lungguh jalaran pancen Darma bocahe rada isinan kurang percaya diri mula ora nyadari ana Satya ing ngarepe merga terus temungkul. Satya nyenggol tangane karo nyeluk arene Darma, Darma kaget banjur ndeleng sapa kang nyeluk mau. Lha jebule kok ya ana widodari sing dadi bintange MOS seminggu kepungkur, rasa isin, grogi lan liyane kbeh nyampur aduk dadi siji ing njero dadane Darma, jalaran pancen sejatine Darma ndueni rasa kang tekan seprene durung ngerti rasa apa iku.

Nulis Wacana Deskripsi lan Eksposisi



1. Wacana Deskrisi
Wacana deskripsi yaiku wacana kang nggambarake obyek kanthi cetha, sahingga wang kang maca kaya-kaya weruh dhewe utawa ngalami dhewe.

Tuladhaa :
Tiang bendera iku dhuwure kurang lewih 10 meter, ngadeg ing tengah halaman sekolah, warnane kang putih, mulai luntur merga kena panas lan udan saben dina. Ngisore panggonan kanggo ngadege iku wujud joglo kaya umah asline wong jawa, uga wes mulai pecah lan rusak merga lumut kang tansah tlaten anggone ngrusak jogloan iku. Bendera abang putih kang dina iku dipasang setengah tiang katon kibat-kibit digawa angin kang alon wae anggone mlaku. Senajan bendera iku wis suwek ing pojokane, nanging bendera iku tetep wae anggone kibat-kibit nunjuake rasa bela sungkawa ing tengah-tengah tiang iku.

2. Wacana Eksposisi
Wacana eksposisi yaiku wacana kang mbeberake sawijining proses kegiiatan kanthi ancas njembarake kawruh.

Tuladha :
Sawise tempe diiris tipis-tipis, banjur dicemplungake marang campuran glepung beras karo tligu kang dicampur karo banyu lan diwenehi bumbu uyah lan bawang kang wes di ulek. Godhong muncang kang wis diiris uga dicampurake. Sawise lenga goreng panas banjur digoreng siji-siji nganti muter sawaja. Proses sebanjure nunggu setengah mateng banjur diangkat, anggone masak aja suwe-suwe, mundhak garing. Mendoan iki paling enak didahar sore-sore kanggo batir ngopi.