Nulis
wacana narasi
Wacana
narasi yaiku wacana kang nyritaake kanthi cetha rerangkening tumindhak ing
ajroning peristiwa ing sajroning wektu.
Carane
nggawe wacana narasi kang kawitan yaiku gawe cengkorongan utawa rengrengan
kanthi nentoake ukara – ukara bakune. Sabanjure cengkorongan iku nembe di
jabarake dadi sawijining wacana narasi.
Conto
cengkorongan :
1.
Darma metu saka umah
2.
Darma nunggu koperades
3.
Darma ketemu Satya ing njero koperades
Tuladha
wacana narasi saka cengkorongan ing ndhuwur kaya ing ngisor iki
Esuk
iku Darma wis siap nganggo klambi abu-abu putih kang esih anyar durung kelakon
dikumbah jalaran pancen nembe dijukut saka tukang jahit. Jam ing ndhuwur meja
kamar nunjuake angka 6.30 menit. Rada kesusu Darma banjur nyandhak tas kang
uwis disiapake saka weng. Bubar pamit salaman karo biyunge kang lagi nggawa
kumbahan, Darma banjur metu saka umah kanthi sumringah sebab pancen iki dina
pertama mlebu sekolah.
Angin
kang sumilir alus esuk iku ora de rasa dening Darma, senajan dalane lunyu
jalaran mau bengi pancen udan uga ora daadi alangan kanggo Darma. Ora suwe
Darma wes ngadeg ana ing pinggir dalan gede nunggu koperades liwat. Rada
gelisah karo sepisan-pisan ndeleng jam ing HP, Darma clingak-clinguk menawa ana
koperades liwat. Sawise nunggu antawise 5 menit, sing dienteni liwat, Darma
banjur mlebu marang koperades sing wes mandheg nang ngarepe.
Ing
njero koperades wes bek ing penumpang bocah-bocah sekolah karo wong kang arep
mangkat menyang pasar manis. Anteng banget Darma anggone lungguh jalaran pancen
Darma bocahe rada isinan kurang percaya diri mula ora nyadari ana Satya ing
ngarepe merga terus temungkul. Satya nyenggol tangane karo nyeluk arene Darma,
Darma kaget banjur ndeleng sapa kang nyeluk mau. Lha jebule kok ya ana widodari
sing dadi bintange MOS seminggu kepungkur, rasa isin, grogi lan liyane kbeh nyampur
aduk dadi siji ing njero dadane Darma, jalaran pancen sejatine Darma ndueni
rasa kang tekan seprene durung ngerti rasa apa iku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar