1.
Wacana Deskrisi
Wacana
deskripsi yaiku wacana kang nggambarake obyek kanthi cetha, sahingga wang kang
maca kaya-kaya weruh dhewe utawa ngalami dhewe.
Tuladhaa
:
Tiang
bendera iku dhuwure kurang lewih 10 meter, ngadeg ing tengah halaman sekolah,
warnane kang putih, mulai luntur merga kena panas lan udan saben dina. Ngisore
panggonan kanggo ngadege iku wujud joglo kaya umah asline wong jawa, uga wes
mulai pecah lan rusak merga lumut kang tansah tlaten anggone ngrusak jogloan
iku. Bendera abang putih kang dina iku dipasang setengah tiang katon
kibat-kibit digawa angin kang alon wae anggone mlaku. Senajan bendera iku wis
suwek ing pojokane, nanging bendera iku tetep wae anggone kibat-kibit nunjuake
rasa bela sungkawa ing tengah-tengah tiang iku.
2.
Wacana Eksposisi
Wacana
eksposisi yaiku wacana kang mbeberake sawijining proses kegiiatan kanthi ancas
njembarake kawruh.
Tuladha
:
Sawise
tempe diiris tipis-tipis, banjur dicemplungake marang campuran glepung beras
karo tligu kang dicampur karo banyu lan diwenehi bumbu uyah lan bawang kang wes
di ulek. Godhong muncang kang wis diiris uga dicampurake. Sawise lenga goreng
panas banjur digoreng siji-siji nganti muter sawaja. Proses sebanjure nunggu
setengah mateng banjur diangkat, anggone masak aja suwe-suwe, mundhak garing.
Mendoan iki paling enak didahar sore-sore kanggo batir ngopi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar