A. Micara
Nyritaake
Pengalaman Lucu
Pengalaman iku guru sing paling apik.
Ujar-ujar iku mau pancen bener, sebab kanthi anane pengalaman, wong urip kang
ndueni akal sehat mesthi bisa njupuk pelajaran saka pengalaman iku mau. Beda
wong, beda uga pengalamane. Ana pengalaman kang nyenengake, gawe ngguyu, gawe
sedhih lan liya-liyane. Tapi sing mesthi, pengalaman iku kabeh ndueni arti kang beda-beda kanggo kabeh wong,
senajan pengalaman iku dilakoni bareng – bareng.
Nyritaake
pengalaman lucu kudu ndueni kepinteran babagan crita, supaya wong kang
ngrungoake crita ndue kawigaten lan bisa kegawa ing kahanan kang daddi tujuane
crita. Ora kabeh wong bisa crita kanthi menarik. Dene babagan kang kudu di
ngerteni nalikane crita yaiku :
1. Isine crita
2. Tetembungane
3. Solah bawane (Tingkahe) kang crita
Wacanen
kanthi premati crita ing ngisor iki !
Ora
ditarik
Pengalaman
kie tek alami wektu inyong mulai sekolah nang SMA Ma’arif Karangmoncol. Jalaran
SMA kang nganggo cirri Islami, mulane kabeh siswa wadon nganggo jilbab kabeh,
semono uga inyong. Pertama nganggo jilbab rasane ora betah banget, sumuk,
ribed, ya dadi suwe gole inyong dandan.
Mangkat
sekang umah jam tengah pitu, inyong langsung njanggleng metonggo nang pinggir
aspal karo ngenteni ana koperades lewat. Ana sing mandeg ning ngarepe inyong ,
inyong gedeg karo ngomong “ mengkin pak, nunggu kancane “.
Sekang
njero pak supir njawab, “ wis mayuh lah mba, wong kudungan numpak koperades
tuli ora ditarik “
Lha
inyong tertarik karo omonge pak supir mau, trus aku numpak baen, njagong
methengklis ning jok mburi pak supir. Tekan pasar manis Karangmoncol ana
biyung-biyung nganggo kudung mudun, nggawa rinjing isine tahu karo more bek
serinjing punjul setampah. Tek delengna baen sebab inyong penasaran, apa iya
ora ditarik ?. Tapi bar mudhun, biyung biyung kue trus mbayar maring pak supir.
Lha keget, bingung campur aduk, inyong takon maring pak supir, “ Pak demene
niko wong kudungan tetep ditarik ?”
Supire
nyengir karo njawab, “ lha ditarik keprimen ? masa ana wong kudhungan kon
ditarik ? ya mengko inyong domehi wong. Angger numpak koperades ya tetep
mbayar, tapi kan ora ditarik mbok ? kudhunge maksude lho …”oalah … salah
pemahaman kieh inyong, asem, ketipu…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar