Wawancara
yaiku golek informasi saka wong kang diarani narasumber.
Kang
kudu diperhateake nalika wawancara yaiku :
1.
Nemtoake topic
2.
Nemtoake tujuan
3.
Nyiapake pitakonan
4.
Nemtoake narasumbere
5.
Gawe janji
Babagan
kang kudu diperhateake nalika wawancara yaiku :
1.
Salam
2.
Ngganggo basa ang sopan
3.
Pendelenge marang nara sumber
4.
Aja aweh pitakon ya lan ora
5.
Ngahiri kanthi matutnuwun lan salam
Tuladha
wawancara :
Satya
: “ Emba, punapa keparenga kula nyuwun priksa ?”
Embah
: “ Arep akon apa, antuk garapan ngoma apa kepriye?”
Satya
: “ Inggih mbah,, kala wau Pak Guru ngandharake bilih griya ing jaman sapunika
kathah jinis wewangunanipun kadosta griya tumpuk, ruko,perumnas lan
sanes-sanesipun. Senadyan mekaten, sarehne bebrayan Jawi punika gadhah jinis
piyambak ingkang maneka warni, pramila kula sakanca kedah mangertosi. Lha bab
punika igkang dipundadosaken garapan griya dening Pak Guru “.
Embah
: “ Oo … ngoo ta . mudheng aku kersane gurumu kuwi. Pancen omah jawa iku
manekawarrnaa. Apa kira-kira kowe during mudheng bab jinise omah jawa iku ? “
Satya
: “ Sajatosipun nggih sampun mbaah, nanging dereng jangkep “.
Embah
: “ Coba, omahe Pak Darmo kae jenise apa ? “
Satya
: “ Punika limas an mbah, awit wanguning griya wonten ampyakipun sekawan,
ingkang kalih ageng serongan dene ingkang kalih malih wangun majeng tiga utawi
segitiga.”
Embah
: “ Pinter kowe, banjur apa bedane karo omahe pak Tirta ?”
Satya
: “ Menawi punika griya kampong bah, jalaran wangunan griya wujud empyak kalih
mawi tutup keyong “
Embah
: “ Lha yen ngarepn Bale Desa kae ?”
Satya
: “ Punika joglo mbah, titikane mawi saka guru kasambet saka rawa mubeng “
Embah
: “ Pancen , omah limas an kuwi awangun empyak papat, sing loro gedhe serongan
lan sing loro maneh awangun maju telu utawa segitiga. Dene omah kampong iku
wangun empyak loro nanging ngnggo tutup keyong. Lan omah joglo iku nganggo saka
guru papat disambung saka rawa mubeng, dene empyak cilik mandhuwur kaya dene
limasan. Banju apane sing kurang ?”
Satya
: “ Babagan peranganipun griya mbah “
Embah
: “ O, kuwi ta, babagan perangaing omah. Yen ngono ayo dakwiwiti saka regol
kana kae “
Satya
: “ Sumangga mbah “
Kapethik
saking Materi Wajib Mulok Bahasa Jawa 3
Tidak ada komentar:
Posting Komentar