Muayawarah
yaiku rembugan sawijinng babagan utawa perkara kanggo nggoleki solusi perkara
iku.Tujuane musyawarah iku kanggo nggolek tembung sepakat lan mupakat. Carane
nanggapi musyawarah iku bisa wujud pendapat, ide, kritik utawa dene dukungan.
Mikirake
Nasibe Korban Tsunami
Ing
dina Senen mulai jam 14.00 WIB, ketua OSIS SMA Ma’arif Karangmoncol ngumpulake
kabeh penguruse saperlu nganaake patemon kang ngrembug bab nasibe korban
tsunami. Wis suwe anggone mbahas, nanging during ana kasile jalaran akeh banget
usul kang mebu. Ana sing usul nyumbang duit, klambi, buku pelajaran ln liya
liyane.
Werna-werna
usule mau saengga ketua OSIS sing mimpin patemon dadi bingung awit kabeh usul
kang mlebu apik lan penting. Pembina OSIS kang wiwit patemon meneng wae banjur
paring pangandikan “ Aweh pambiyantu iku sepisan kudu dijumbuhake karo
kekuwatane kita. Sing nomer loro aja ngant gawae rekasa marang waong sing
ngirim, sing nomer telu, jumbuh karo apa kang diarepake dening wong kang
dibantu “.
Ketua
OSIS banjur matur “ Mturnuwun Bapak Pembina OSIS, naming kula sumanggaake marng
kanca-kanca kabeh,pundi ingkang badhe katindakake, awit sedaya usul sae.
Ingkang uama, musyawarah “
Pembina
OSIS ngendika maneh ,” Ya bener, musyawarah iku pancen dhasare paheman, lha
saiki kari endi kaang disarujuki ?”
Sekretaris
kang awit mau meneng wae banjur usul, “ Aku kok mathuk yen kita nyumbang wujud
dhuwit wae, gampang anggone ngirim, cukup dititipake marang ariwarti utawa
stasiun TV “
“
Aku mung usul wae, kepriye yen wujud sandhangan pantas pakai wae, jalaran yen
wujud duwit, mengko kang nampa ndadak tuku klambi, buku lan liya-liyane.”
Ketua
bidang kegiatan banjur usul ,” Pambiyantu apa wae pancen becik, nanging kang
lewih becik maneh yen bisa ngirim bantun tenaga sukarela. Wes aku sing ndaptar
ndhisiki wis .”
Saka
mburi ana maneh kang usul,” Lha kabeh-kabeh kok usule mbantu dhuwit, sndhangan,
tenaga sukarela, lha nek aku usul, pye yen kita kirim donga wae ?”
Kabeh
kang lagi musyawarah ngguyu, kejaba Pembina OSIS kang naming mesem wae, banjo
ngendika, “ Aja diguyu ta, donga iku ya banget dibutuhake, ndonga iku ora
enteng, butuh kehusyukan.”
Bareng
wis sawetara ora ana usul kang mlebu maneh, banjur ketua OSIS ngandharake maneh
siji-sijine usulan. Ditimbang kana kene, ahire diputusake sumbangan apa kang
arep dikumpulake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar