Sugeng Rawuh Wonten Bandhongan.blogspot.com

Jumat, 13 Desember 2013

Nulis Serat Pribadi



Ing jaman ingkang sarwi komputer kados sakpunika, sampun awis sanget ingkang kersa nyerat utawa damel serat pribadhi kanthi ngginakaken basa Jawi. sampun malih serat ngginakaken basa Jawi, serat ingkang ngginakaken basa Indonesia kémawon inggih sami nasibipun. Punika amargi saya majengipun ngélmu teknologi komunikasi kadosdéné, HP lan nternet. Nanging sanajan sampun awis sanget dipunginakaken, boten wonten awonipun menawi awakipun piyambak tetep nyinau babagan serat (nawala, surat, serat, kintaka). Serat utawi serat punika, kalebet iketaning basa gancar ingkang mawi paugeran, paugeran punika manut lan kajumbuhaken kaliyan unggah – ungguhing pasrawungan. Nyerat serat punika wonten tatananipun, tatanan punika adhedhasar, ingkang ngirim lan ingkang dipunkirimi.

Perkawis ingkang wigatos lan kedah dipunmangertosi salebeting panyerataning serat utawi serat ;
1. Panyerating asma kedah jangkep, langkung prayogi menawi kaserat pangkat, lan kalenggahanipun.
2. Panyerating alamat / papan dunungipun ingkang dipunkirimi serat kedah jangkep lan cetha.
3. Panyerating titi mangsa kapacak ing sisih tengen.
4. Dipunwigatosaken bab adangiyahipun, inggih punika, pandonga, pamuji, pakurmatan ing purwakaning serat.
5. Pamilihing paprenahan lan tembung tandha pakurmatan kedah leres lan manut pranatan ingkang lumampah.
6. Dluwang, mangsi lan amplopipun kedah ingkang saé.
Manut isi lan ancasipun serat utawi serat kapérang dados 4 (sekawan), kadosta ;
1. Serat Kitir, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé nyenyuwun tulung tumrap ingkang dipunkirimi serat / serat.
2. Serat Iber, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé paring / caos pawarta ingkang sampun lumampah.
3. Serat Ulem utawi serat Sedahan, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana anggé ngaturi uleman upacara pawiwahan, tetakan, pèngetan, lsp.
4. Serat Dhines, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé kaperluwan dhines kantoran.

Tuladhanipun:


Semarang, 30 Mei 2009
Ingkang kula kurmati
Ibu Amini
Ing Surakarta


 
Assalammu’alaikum Wr. Wb.
           Kanthi serat menika ingkang putra ngaturi uninga mbok bilih keadaan kula wonten Semarang uga tansah slamet lan ginanjar wilujeng. Mugi-mugi Ibu kalihan keluarga wonten Surakarta inggih semanten ugi. Amin.
           Maos serat saking Ibu kolowingi, kula mangertos mbok bilih Pak Dhe Marwan badhe nggadahi gawe. Maturnuwun Bu, sampun nyaosi kabar dhumateng kawula. Woten ing serat menika, kula uga badhe ngaturi kabar, pinales serat saking Ibu kolowingi. Bu, sakderengipun kula nyuwun pangapunten dhumateng Ibu, amarga benjing kepener tanggal 1-6 Juni 2009 kula wonten tes semesteran ingkang boten saged kula tinggal. Amargi tes kasebut dados penentu kula saged lulus punapa boten wonten ing semester akhir kasebut. Dados, kula benjing boten saged wangsul lan tumut wonten ing nikahane Mbak Erna kalihan Mas Agus.
           Bu, Insyaallah benjing menawa tes semesteran kula sampun paripurna, kula badhe langsung wangsul dhateng Surakarta. Kula inggih nyuwun pangapunten dhumateng Pak Dhe Marwan sakaluwarga amargi kula boten saged paring pambiyantu ing adicara nikahane putrine.
           Cekap semanten Bu walesan serat kawula. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten dhumateng kulawarga wonten ing Surakarta. Kula wonten mriki tansah ngati-ati lan Insyaallah saged njagi ngibadah kawula. Salam mawon Bu dhumateng kaluwarga ing Surakarta.
Wassalammu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang Putra
ttd
Mulyadi
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar