Sugeng Rawuh Wonten Bandhongan.blogspot.com

Jumat, 13 Desember 2013

Sinta Kandhistan




Kacariyos kesatriya saking ngalengka inggih menika Rama. Rama anggadahi rayi namanipun Lesmana. Rama kalian Lesmana menika biasa dipun suwun kalian para resi wonten ing wana supados dipunjaga saking godaan para raksasa, inggih Rama kalian Lesmana mateni para raksasa menika.
Wonten sawijining dinten. Rama, Lesmana kalian Sinta beburu menyang wana. Wonten wana Sinta mriksani kijang emas. Sinta matur dhateng Rama supados nyekel kijang punika. Kijang emas menika inggih aslinipun jelmaan saking raksasa Marica, utawi taksih seduluran kalian Rahwana. Lajeng Rama ngoyak kijang punika, ananging Rama sanjang dhateng lesmana supados jagi Sinta lan sampon ngantos ninggalaken Sinta. Lesmana manut kalian dhawuhipun Rama. Sakmenika Rama ngoyak kijang emas punika, ngantos Rama saget manah kijang menika. Kijang emas jerit, suantenipun niru suantenipun Rama, Sinta ingkang mireng bilih menika suantenipun Rama, lajeng Sinta ngutus Lesmana supados biyantu Rama. Awaliupun Lesmana boten purun, bilih dhawuhipun Rama supados sampun ngantos ninggalaken Sinta, ananging sinta malah anggadahi pangangen – angen ingkang awon, bilih boten purun amargi supados menawi Rama seda, saget nikahi Sinta. Saknmenika Lesmana lajeng badhe nyusul Rama, ananging sakderengipun Lesmana damel garis kangge nglindungi Sinta, garis menika namanipun Lesmana Rekha.
Lesmana nilar Sinta, taksih madosi Rama , wonten perjalanan malah kepanggih. Akhiripun Rama kalian Lesmana sadar bilih piyambakipun sampun ketipu. Lajeng Rama kalian Lesmana wangsul wonten panggenan Sinta kalawau. Ananging Sinta sampon boten wonten.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.

Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.

Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar