Sugeng Rawuh Wonten Bandhongan.blogspot.com

Jumat, 13 Desember 2013

Lairipun Korawa


Raden Duryudana


Kacariyos Kesatrian saking Negari Hastinapura, Prabu Destarastra, Prabu Destrarastra menika anggadahi cacat wuta, Rayinipun inggih menika Prabu Pandu. Prabu Pandu menika hormat sanget kalian kang masipun, ngantos piyambakipun madosaken permaisuri kagem Prabu Destarastra, wonten sawijining dinten Prabu Destarastra beto tiga putri, inggih menika Dewi Kunti, Dewi Madrim, lan Dewi Gendari.
Saking tiga Dewi punika, Prabu Destarastra milih Dewi Gendari dados garwanipun. Dewi Gendari purun, ananging wonten panggalihipun ngraos kuciwa dhateng Prabu Pandu, bilih Dewi Gendari kedahipun nikah kalian Prabu Pandu, boten malah kalian Prabu Destarastra ingkang wuta menika. Woten Panggalihipun Dewi Gendari anggadahi pangangen – angen, benjang menawi peputra, putranipun boten bakal akur kalian para putranipun Prabu Pandu.
Saksampunipun Dewi Gendari nikah kalian Prabu Destarastra, boten dangu Dewi Gendari ngandut. Selami ngandut Dewi Gendari terus beto raos dendam, dedonga marang dewata supados benjang putranipun saget mungsuhi, merangi keturunanipun Prabu Pandu. Ngantos 3 taun anggenipun ngandut dereng lelairan, ngantos damel judeg, lan prungsang wonten istana. Lajeng Dewi Gendari plampah – plampah wonten taman istana. Taman wonten istana menika wiyar sanget, woten 7 gerbang dados watesipun. Dewi Gendari nikmati keindahanipun taman istana kanti dipun iringi kalian para emban, Dewi Gendari remen sanget kalian kaendahanipun taman istana, dugi taman ingkang pungkasan suasananipun benten kalian taman – taman sakderengipun, napa malih suasananipun malih mendung, grimis, suasananipun dados tambah angker, Dewi gendari kalian para emban raosipun gumeter, enggal – enggal kondur dhateng istana. Sakderengipun dugi gerbang wonten suanten sima, kanti kahanan ingkang kados punika, Dewi Gendari kaget sanget. Sakmenika Dewi Gendari lelahiran ananging boten awujut bayi, nanging awujut glondongan - glondongan getih ingkang kenthel.
Dewi Gendari duka sanget, Gumpalan punika dipun pidak – pidak, lajeng dipun tendang – tendang, ananging anehipun, glondongan – glondongan kalawau tetep obah – obah. Atas nasehatipun Begawan Abyasa, supados Prabu Destarastra nutupi glondongan – glondongan getih kalawau dipuntutupi mawi godhong jati. Lajeng Prabu Destarastra prentah para prajuritipun supados nutupi glondongan – glondongan getih menika. Dewi Gendari dipun beto para emban, datheng istana supados istirahat.
Dewi Gendari sampun sadar, lajeng Dewi Gendari pindah dhateng panggenan donga, piyambakioun dedonga supados anggadahi putra kathah, sakmenika Batari Durga teka, bilih mangke menawi midangetaken suaten cabang bayi nangis wonten taman, supados dipuntingali. Saksampunipun pesan mekaten Betari Durga ngilang. Lajeng Dewi Gendari mireng suaten tangisan bayi nangis wonten taman, Dewi Gendari dhateng wonten taman, bilih glondongan – glondongan getih menika dados anak jumlahipun 100, ingkang dipun sebat Korawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar