Prabu Sentanu menika taksih titisanipun
Bhatara Agni, kesatriya ingkang bagus rupanipun, becik lan wicaksana
tumundakipun. Prabu Santanu anggadahi hobi beburu kidang menyang alas, sangkin
remene marang beburu kidang menjangan, tiap dinten Prabu Sentanu mesti beburu
ana ing alas.
Kacariyos wonten ing sawijining dinten,
Prabu Sentanu beburu menyang alas, kalian para prajuritipun, sangkin remene
anggenepun beburu, piyambake mithal, misah kalian para prajurit. Prabu Sentanu
mithal wonten panggenan kang sepi. Panggenan punika papan palinggarane para
sidda (setengah dewa). Wonten panggenan punika Prabu Sentanu ningali sawijining
kenya, piyambakipun gegumun, manungsa kaya widadari kang mudun saka kayangan,
ayu rupane, manis esemipun. Prabu Sentanu kesengsema kalian kenya menika, kang
asmanipun Dewi Gangga. Dewi Gangga ugi kesengsem kalian Prabu Sentanu. Prabu
Sentanu nyedaki Dewi Gangga, lajeng matur punapa keparing menawi Dewi Gangga
dipun dadosaken permaisurinipun.
Midangetaken ngendikanipun Prabu
Sentanu. Dewi Gangga lajeng mangsuli, bilih piyambakipun sedia garwa, dados
permaisurinipun, nanging Dewi Gangga gadah panyuwunan ingkang kedah
dipunlampahi dhateng Prabu Sentanu, panyuwunanipun inggih menika, Prabu Sentanu
sampon ngantos ngaruh – aruhi sedaya tumindhakipun Dewi Gangga, sampon ngantos
damel duka Dewi Gangga. Prabu Sentanu nyaguhi sedaya panyuwunanipun Dewi
Gangga. Lajeng Prabu Sentanu boyong dewi Gangga dhateng Hastinapura.
Saksampunipun dados garwanipun Prabu sentanu beten nate ngaruh – aruhi sedaya
tumindhakipun Dewi Gangga, Dewi Gangga ugi tansah nuduhake setya bektine marang
Prabu Sentanu.
Dewi Gangga peputra, dewi gangga bade
mejahi putra punika kanti dipunkalekake wonten sawijining kali, mienika ngatos
dados tumindakipun Dewi Gangga saben peputra, ananging Prabu Sentanu boten
wantun sanjang, ngaruh – aruhi tumindhakipun Dewi Gangga menika, wedos menawi
piyambakioun duka. Nalika Dewi Gangga peputra ingkang kaping wolu, Prabu
Sentanu nembe kuwasa matur, sampon ngantos putra punika dipun pejahi malih,
dipun kalekake dhateng kali. Lajeng Dewi Gangga mangsuli bilih putra punika
boten bade dipun pejahi. Saking perkawis menika lajeng Dewi Gangga ngakoni
bilih piyambake aslinipun Bhatra ingkang dipunutus kalian Hyang Suksma supados
jelma dados manungsa. Awit saking menika Dewi Gangga bade nilar Prabu Sentanu,
dene putra punika titisanipun Wasu Byaka lan dipun paringi asma Dewabrata.
Sapurnane matur meketen marang Prabu Sentanu,
Dewi Gangga lajeng kondur menyang kayangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar