Sugeng Rawuh Wonten Bandhongan.blogspot.com

Jumat, 13 Desember 2013

Abimanyu Lair




Kacariyos wonten Negari Dwarawati ingkang garwa Prabu Arjuna, Dewi Wara Subadra  nglairaken putra. Para Pandawa sami gembira. Wonten wekdal ingkang sami Negari Dwarawati ugi taksih ngadepi ancaman saking Prabu Jaya Murcita, raja saking Plangkawati. Bima ugi boten wonteng ing wekdal punika. Akhiripun Prabu Kresna madosi Bima, Prabu Kresna saget kepanggih Bima wonten wana, piyambakipun taksih tapa supados angsal Wahyu Widayat. Saklajengipun Prabu Kresna kalian Bima kondur , Prabu Kresna matur dhateng Bima. Saksampunipun angsal Wahyu Widayat, piyambakipun sampun ngantos caket kalian tiyang estri, sampun ngantos ningali bayi ngantos 41 dinten.
Wonten ing perjalanan, Bima taken kalian Prabu Kresna, kadospundi kahananipun Sembadra(Garwanipun Arjuna). Styaki ingkang nembe teka, sakmenika mangsuli bilih Sembadra sampun nglairaken. Bima langsung mencolot, dugi Anarta Bima langsung gendong Si Cabang Bayi. Bima boten kelingan, piyambakipun sampun ngantos ningali bayi, Piyambakipun nglanggar pantangan kalawau. Nyebabpaken Wahyu Hidayat pindah dhateng Si Cabang Bayi. Bima matur dhateng Arjuna, anak iki tak jalok lan tak upenana aku, Arjuna boten angsal. Lajeng bayi punika dipunparingaken dhateng Sembadra, ananging bayi punika nangis terus.
Prabu Kresna matur dhateng Arjuna, Si Cabang Bayi iki wis enthuk Wahyu Hidayat, sing pindah saka awake Bima, sing bisa ngeneng – eneng namung Bima. Saklajengipun Arjuna madosi Bima utawi kang masipun, Arjuna kepanggih kalian Bima, lajeng maringaken Si Cabang Bayi. Awalipun Bima boten purun nampi, nanging akhiripun purun. Sakmenika Bima lajeng ngetokake ajian saking Dewa Bayu. Kanti ngenum kringetipun Bima, Si Cabang Bayi dados Pria dewasa, bagus rupanipun. Si Cabang Bayi dipunbeto dhateng Dwarawati, lajeng perang nglawan Prabu Jaya Murcita. Si Cabang Bayi menang lan wonten ing ngriku Si Cabang Bayi dipun paringi asma Abimanyu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar