Nyemak
Crita Pengalaman
Pengalaman
iku pancen guru kang paling apik. Paribasan iku pancen bener banget. Kabeh wong
kang urip lan ndueni akal sehat mesthi ndue sing jenenge pengalaman. Pengalaman
nalika dicritaake marang wong lia bisa nambahi kawruh lan pegetahuan kanggo
wong kang ngrungoake. Apa iku pengalaman apik utawa ala, kabeh ndueni kagunaan
tumrap awake dhewe utawa wong kang ngrungoake.
Tuladha
:
Kok
asin ?
Pengalaman
iki dak alami nalika mati lampu, jan pokoke peteng banget, ora ndue stok lilin
merga ora ana pemberitahuan saka PLN. Wengi iku aku lagi kumpul-kumpul bareng
kanca ing ngumahku, arep ngrembug babagan kemah sesuk malem minggu. Lha kok
dumadakan mati lampu, padahal nembe wae kanca-kanca pada teka. Senajan mati
lampu, jalaran aku tuan rumah ya aku terus wae maring mburi gawe medangan
kanggo kanca-kancaku.
Wektu
aku balik maneh menyang ruang tamu, panggoan kanca-kancaku kumpul, kabeh wes lagi
grengseng mbahas persami sesuk.
“
lha pesiapan papan panggonane piye jo ?” takone abdul ketua panitiane marang
joni kang ngurusi papan panggonan.
“
Siap, kabeh dak siapi, ruangan kanggo kumpul wes ana, papan kanggo turu uga wes
siap kabeh “ jawabe joni.
“
Okelah kalo begitu “ Ujare Abdul niroake gayane panyanyi saka Tegal.
“
Lha sekretaris piye, wes dadi kabeh administrasine ? “
“
Siap ndan, kabeh wes rampung, sesuk kari moto kopi banjur di bagi “ Siti
nyauri.
“
Lha iku kopine di samba ta, aja rembugan wae, gratis iku “ aku nyelani gunemane
kanca-kanca.
“
Weh mantap iki, lawuhe mendoane yu Denok ta ? takone Robert sing pancen awake
gendut asile saka doyan banget mangan.
“
Lha iya ta,…”saurku sakeane.
Lagi
pada asik-asike ngobrol nyambi mangan mendoan, dumadakan Robert nyembur karo
mendelik.
“
Lha apa iki, mentang – mentang juragan uyah, lha kok kopine asin ta ? “
“
Lha iya ta ?” takonku bingung karo njajal nyicip kopine.
Lha
pancen iya, asin banget. Lha jebul maau sing dak jupuk wdah uyah ta ? dudu gula.
Hehehe, ya map kancaa-kanca.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar