Ngringkes
iku ndadeake kang akeh dadi sethithik. Dene ngringkes wacan iku ndadeake
tulisan kang akeh dadi sethithik, yaiku babagan-babagan kang penting-penting
wae saka wacan iku. Ngingkes iku migunani banget tumprap kanggo bocah sekolah.
Sakliane bisa nggampangake sinau, uga bisa nglatih kemampuan nulis.
Ngringkes
iku nganggo bahasane dewe kang gampang dipahami, ukarane simple, nanging tetep
bisa makili apa kang diringkes.
Carane
ngringkes :
1.
Maca wacan kanga arep diringkes
2.
Nulis ukara bakune
3.
Ngronce ukara baku dadi paragraph kang gampang dimangerteni
Wisanggeni
lair wujud geni lan menjila dadi satriya pinunjul
Wisanggeni
iku anake Arjuna lan Dewi Dresanala. Dewi Dresanala iku anake Bathara Brahma.
Arjuna duwe sisihan Dewi Dresnala nalika Arjuna dadi raja ing Kaindran, jejuluk
Prabu Kiritin. Arjuna bisa jumeneng dadi raja ing Kaindran amarga antuk
kanugrahan saka dewa sawise kasil ngalahake Prabu Niwatakawaca, raja ditya sing
sekti mandraguna saka nagara Imaimantaka.
Wisanggeni
lair saka guwa garbane Dewi Dresanala wujud geni, sabanjure malih lan ngrembaka
dadi satriya sing pinunjul. Wisanggeni dadi satriya sing pinunjul kapinterane,
kawegigane lan kasektene.
Wisanggeni
uga kondhang minangka wayang sing mbranyak, raine bagus nanging sakmadya banget
anggone nyenyandhang. Marang sapa wae Wisanggeni tansah mungkak krama utawa
caturan tanpa nggunakake basa krama sing alus.
Kepara
yen guneman kalawan Sanghyang Wenang wae Wisanggeni uga tansah mungkak krama.
Dening para dhalang Wisanggeni arang banget diwetokake ing pakeliran.
Wisanggeni duwe sisihan sing jenenge Dewi Mustikawati.
Dewi
Mustikawati iku anake Prabu Mustikadarwa, raja ing Krajan Sonyapura. Ing lakon
Wisanggeni Krama, Wisanggeni kudu ngadhepi Prabu Sitija utawa Prabu
Bomanarakasura kanggo mupu Dewi Mustikawati ing sawijining patembayan.
Dewi
Mustikawati njaluk wewaton gambaring jagad marang Wisanggeni lan Prabu Sitija.
Yen Wisanggeni utawa Prabu Sitija bisa minangkani penjaluke iku, Dewi
Mustikawati saguh dadi sisihane.
Wusana
Wisanggeni sing kasil nggawa gambaring jagad lan banjur dipasrahake marang Dewi
Mustikawati. Kasile Wisanggeni amarga dibiyantu dening Sanghyang Wenang sing
nyumadhiyakake gambaring jagad kaya panjaluke Dewi Mustikawati.
Ing
lakon Wisanggeni Takon Bapa, ing laku nggoleki bapake, Wisanggeni kasil
mbiyantu bapake lan nagara Amarta bisa nemokake maneh pusaka-pusaka piyandel
sing ilang.
Dene
pusaka-pusaka piyandele Krajan Amarta sing ilang lan kasil dibalekake maneh
dening Wisanggeni yaiku Kalimasada, Sarotama, Hrudadali, Anantakusuma, payung
Tunggulnaga lan Pasopati.
Kabeh
kulawarga Pandhawa, kalebu Prabu Kresna, ora ana sing wani tumindak sakepenake
dhewe marang Wisanggeni. Salawase uripe Wisanggeni dedunung ing kayangan
Daksinageni bebarengan ibune, Dewi Dresanala, lan kabeh kulawargane. Wandane
Wisanggeni iku Rungsit.
Dene
kawitane Arjuna rabi kalawan Dewi Dresanala sing sabanjure nurunake Wisanggeni
yaiku nalika Prabu Niwatakawaca pengin ngrabi Dewi Supraba. Niwatakawaca sing
jeneng enome Nirbita iku banjur tumuju suralaya kanggo nglamar Dewi Supraba.
Ananging
para dewa ora ana sing nglilani yen Dewi Supraba rabi kalawan Niwatakawaca.
Wusana Niwatakawaca banjur ngrabasa ing suralaya. Kasektene ora ana sing bisa
nandhingi, para dewa kabeh kasoran.
Sanghyang
Girinata banjur mrentahaka Arjuna supaya ngadhepi Niwatakawaca. Nalika iku
Arjuna nembe mertapa ing pertapan Indrakila lan jejuluk Begawan Ciptaning
Mintaraga utawa Cipta Ening Mintaraga. Arjuna sing dibiyantu Dewi Supraba kasil
mateni Niwatakawaca.
The Shops at Harrah's Cherokee Casino Resort is open - KTNV
BalasHapusIt's no secret that Harrah's Cherokee Casino Resort is 거제 출장샵 home 이천 출장샵 to some of 구리 출장마사지 the largest casino gaming floors 서귀포 출장샵 in the country. The property's 상주 출장샵 16,000 square foot