Cerkak
iku cekakan saka cerita cekak. Utawa cerpen ing Bahasa Indonesiane.
Cerkak
iku nduweni titikan :
1.
Rerocening crita mung siji.
2.
Perwatakan digambarake kanthi cekak
3.
Dredah sajroning cerkak ora ndadeake nasib pragane owah
4.
Prastawane mung siji
5.
Fiktif
6.
Naratif
Babagan
kang perlu diperhateake nalika maca cerkak yaiku :
1.
Tema, yaiku bab kang dadi underaning prakara
2.
Alur, yaiku urutaning crita wiwit lekas tekan pungkas
3.
Paraga, yaiku pawongan kang nindaake crita
4.
Latar/seting , yaiku papn lan wektu ing crita iku
5.
Amanat, yaiku piwulang kang bisa dijupuk saka crita
Tuladha
cerkak, wacanen kanthi premati !
Tumbal
Sejatine
abót anggónku nindakaké pakaryan iki. Nangíng piyé manèh.Aku múng sakwijiníng bawahan
síng kudu loyal marang atasan. Kamångkå atasanku Drs Sêngkuni SH MBA wís
nginstruksèkaké yèn proyèk iki kudu di-mark up. Mbúh piyé carané síng pênting
kabèh bisa olèh pangan. Pancèn iki konsêkuènsiné nduwèni jabatan síng stratêgis
kåyå awakku iki. Tak akóni sakwisé dadi Kasubag Pêngêlolaan Proyèk iki rêjêkiku
mbanyu mili. Paribasan nganti kåyå diwènèh-wènèhi.
Nangíng
yèn ånå pêrkårå síng kåyå mêngkéné aku ugå kudu wani ndhadhagi. Awít yèn ora,
biså dipêsthèkké yèn tahún ngarêp aku mêsthi bakal dimutasi.
"Wís
tå Dík Har, ora sah dipikirké abót-abót. Soal wóng såkå KPK, mêngko aku síng
mback-up wís," mangkono pangandikané atasanku kasêbút íng sak wijiníng
wêktu nalikå aku ditimbali íng ruangé.
"Síng
pêntíng kowé biså ngolah ångkå-ångkå iku kanthi layak.
Masalah
liyané mêngko aku síng ngatúr," sêsambungé Pak Sêngkuni karo ngêpúk-êpúk
pundhakku.
"Lha
piyé kirå-kirå? Åpå Dhík Har kabótan? Soalé Dík Wísnu wingi ugå nawakaké arêp
nggarap proyèk iki," ujaré Pak Sêngkuni kåyå ngêrti kêmrusuhing atiku.
"Oh,
mbotên Pak. Kulå taksíh sagah ngayahi piyambak," ujarku gurawalan.
"Wèll!
yå ngono iku síng tak karêpké. Yèn pancèn kowé sê-visi karo aku, mêsthi aku ora
bakal ninggal kowé Dhík. Wís sak iki rampúngna aku péngín Minggu ngarêp wís
rampúng. Sanggúp tå?"
"Sêndikå
Pak," ujarku karo manthúk-manthúk.
Aku
énggal-énggal ninggalaké ruang kêrjané bós têrús nyêlúk Dhík Wakino wakílku
sartó Éndah sékrêtarísku.
Tak
jak rêmbugan barêng pêrkårå iki. Awít pancèn wóng loro iku síng dadi nyawaku.
Ibaraté Dhík Wakino karo Éndah kuwi think-tank-ku. Sangénggå aku bangêt
mbutúhaké bantuané dhèwèké.
"Nèk
masalah ångkå gampang diowahi, Mas. Múng síng dadi masalah iki tanggúng jawabé
abót awít nyangkút dana síng ora sêthitík," ujaré Dhík Wakino.
"Nangíng
têrús piyé Dhík? Bós wís nêtêpké kudu biså. Yèn ora awakké dhéwé kudu siap
ninggalké kantór iki," sêmaúrku.
Dhík
Wakino manthúk-manthúk karo ngulati layar kómputêr íng ngarêpé.
"Yå
wís, arêp piyé manèh. Mbók mênåwå iki pancèn résiko pêkêrjaan. Awakké dhéwé
kudu siap," sambungé wóng síng bangêt tak pêrcåyå iku.
*****
Pancèn
iki dudu masalah síng ènthèng, awít proyèk iki gungungé mèh nêm bêlas mílyar
rupiah.
Síng
kudu di-mark up mèh sêpulúh míliar dhéwé. Åpå ora édan-édanan. Nangíng piyé
manèh. Aku iki múng bawahan kudu loyal mênyang atasan. Awít yèn ora biså-biså
aku dilórót jabatanku. Kamångkå ngêrti dhéwé kanggo ningkataké karir íng kantór
iki ora barang síng gampang. Awít mèh wólulas tahún anggónku bêrjuang ngrintís
karir, wiwít gólóngan têlu A nganti sak iki biså dadi Kasubag sak wijiníng
kantór. Mêsthi waé dudu bab síng gampang. Kåyå aku dhéwé síng wêktu iki kêlêbu
ånå bagian síng êmpúk. Ora sithík síng pådhå kêpéngín biså nglungguhi kúrsiku
iki. Awít pancèn ya nyênêngké tênan. Golèk dhuwít paribasan kêcap waé dadi
atusan éwón. Nangíng ugå mujúdaké bagian síng ånå pucuking êri, yèn ora
ngati-ati bisa ndang ngglúndhúng tênan.
"Durúng
saré, Pah?" panyénggólé Nani, sisihanku.
Ora
tak råså yèn wêktu iki aku nêdhêng ngalamún nèng têras kamar lantai loro.
"Durúng
ngantúk, Mah?" sêmaurku karo nyumêt rókók êmbúh síng kêpira mau?
"Sajaké
ånå masalah nèng kantór?" pitakóné bojoku síng wís apal lagónku.
Sabên
ånå masalah mêsthi tangkêpku dadi séjé karo padatan. Aku múng manthúk. Têrús
sisihanku lunggúh íng sandhíngku. Awít yèn wís ngono biasané aku têrús critå
masalahku marang dhèwèké. Pancèn sak suwéné iki sisihanku síng dadi sparing
partnêr-ku. Dhèwèké kuwi wóng wadón síng istiméwa, sênadyan múng ibu rumah
tangga, nangíng otakké ora kalah karo wanita karir. Ora nggumúnanké sêjatiné
sisihanku lulusan sarjana lan mbiyèn tahu dadi dosèn íng univêrsitas swasta.
Múng amargå aku ora kêpéngín bojoku bêrkarir, mula dhèwèké tak kón dadi ibu
rumah tangga thók. Supåyå anak-anakku biså kopèn, nyatané anakku cacah têlu
sakiki wís ngancík dhéwåså kabèh, síng mbarêp malah wís mèh lulús såkå
univêrsitasé.
***
"Pancèn
abót posisi panjênêngan, Pah. Awít iki diléma. Yèn njênêngan wêgah, mêsthi
bakal dilórót. Nangíng yèn pênjênêngan tindakké, abót résikoné," komêntaré
sisihanku sak wisé tak critani pêrmasalahanku.
"Ya
kuwi síng gawé bingúngku. Lha trús aku kudu piyé?"
"Yúk
awakké dhéwé tahajúd, nyoba nyuwún tuntunan Gusti Allah, såpå ngêrti mêngko
njênêngan olèh pêpadhang," ujaré sisihanku.
Aku
manthúk-manthúk têrus wóng loro pådhå tumuju kamar mandhi njupúk banyu wudu kanggo
ngrêsiki badan.
Ånå
sak jroning tahajúd tak rasakaké kåyå ngåpå jumbal-jumbulé wêwayangan ing alam
pikirku. Sênadyan wola-wali tak cobå nyilêmaké wêwayangan iku nanging kråså
angèl bangêt. Sabên-sabên wêwayangané Pak Sêngkuni atasanku kanthi polatan nêsu
ngulataké aku. Gonta-ganti karo lapuran proyèk síng kudu tak gawé. Têrús
nglambrang manèh wêwayanganku dipêcat déníng atasan.Têrús ånå gambaran pårå
polisi síng têkå ing kantórku têrús mbórgól tanganku.
"Dúh,
Gústi Allah...... Kulå pasrah wóntên ngarså padukå!" pambêngókku íng sak
jroníng tahajúd. Bubar kuwi aku ngrasakaké pêndêlênganku pêtêng. Aku ambrúk
ngambúng karpèt síng dadi lambaran anggónku ngadhêp íng Pangéran.
*****
Ésúk
iki Dhík Wísnu têkå íng kantórku karo mènèhaké layang kanggo aku. Tak bukak
layang iku tibaké surat pêrintah såkå Pak Sêngkuni supåyå aku mènèhaké proyèk
iku marang dhèwèké.
"Sorry
lho Mas, aku múng nindakaké dhawúh," ujaré Wísnu katón pêkéwúh karo aku.
"Ora
åpå-åpå, Dhík. Mbók mênåwå kowé luwíh pintêr timbang aku," ujarku karo
mènèhaké bêrkas-bêrkas administrasi proyèk.
Sênadyan
ånå kang kóbóng íng dhådhå iki, nangíng tak cobå mêkak hardaníng kanêpsónku.
Mugå-mugå waé Gusti Allah tansah mènèhi kêsabaran marang aku. Awít såpå wóngé
síng ora lårå ati, yèn nèng têngah dalan gawéyané dipasrahké wóng liyå. Pak
Sêngkuni pancèn kêbangêtên. Katóné dhèwèké wís malík imané sak ênggå tégå karo
aku síng ora liya anak buahé.Awan iku aku milíh mulíh gasik, awít yèn tak
têrús-têrúské nèng kantór bisa-bisa malah aku dhéwé síng ora kuwat.
*****
Aku
wís ngrumangsani yèn karirku mbók mênåwå bakal mêntók. Awít wêktu iki Pak
Sêngkuni, atasanku ora gêlêm nyåpå arúh marang aku. Sabên-sabên dhèwèké butúh,
mêsthi Dik Wísnu síng diundang åna kantór. Lan tingkah kang kåyå mangkono mau
disêngåjå ovêr acting nèng ngarêpé pårå bawahan. Aku rumångså korban pangråså.
Awít såpå wóngé síng kuwat dipêrlakukan kåyå mangkono. Nangíng aku nyoba sabar.
Karo íng batin tansah ndêdongå, mugå-mugå Pak Sêngkuni diapurå dosané déníng
Gusti Allah, sartå dibukakaké atiné supåyå ora bangêt-bangêt anggóné nêsóni aku
Lan sak wijiníng wêktu såpå síng bakal ngirå, yèn kantórku ditêkani polisi
pirang-pirang. Wiwitané ruangku síng diprikså, barêng ora ånå têrús ruangé
Kêpala Kantór bubar kuwi têrús tak tóntón ånå polisi nganggo sêragam nyêrahaké
surat marang atasanku kasêbút. Tanpa suwålå manèh Pak Sêngkuni diglandhang
déníng pêtugas kêpolisian iku. Awít disinyalír dhèwèké wís mark up dhuwít
proyèk nganti sêpulúh miliar. Ora múng Pak Sêngkuni dhéwé, kêlêbu Dhík Wisnu
síng kumawani nglancangi gawéyanku. Lan wís biså diwåcå, íng ngêndi papan
Kêpala iku ora tahu salah. Síng salah mêsthi bawahan. Awít ora gantalan suwé
Pak Sêngkuni bósku wís mêtu såkå kantór polisi. Déné Dhík Wísnu ditêtêpké dadi
têrsangka. Wisnu wís dadi tumbal ing kantórku, awít dhèwèké kudu mikúl dosané
bósku síng wêktu iki múng cukúp dimutasi íng luar jawa.
"Bêgjå
sampéyan Pah. Untungé nolak åpå dhawuhé bós mbiyèn," ujaré sisihanku karo
ngrangkúl aku lan nangís mingsêg-mingsêg.
"Gústi
isíh njampangi awakku, Mah. Lan kabèh mau uga ora uwal såkå dukungané
Mamah," ujarku.
Ah,
pancèn kabèh iki kåyå wís diatúr déníng Gusti Allah. Kåyå aku dhéwé rumångså
dislamêtaké déníng Panjênêngané. Coba mbiyèn aku síng nindakaké bab mau,
biså-biså aku síng mlêbu kunjaran.
::Dening:
Tri Wiyono::
Kapethik
saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id
Sumber
: Jagad Jawa – Solopos
Tidak ada komentar:
Posting Komentar