Saben
daerah, ndueni crita kang beda-beda. Nanging amarga kemajuan teknologi kanthi
anane TV, crita mau kaya kalah karo anane tokoh-tokoh hero saka Negara liya.
Akeh bocah saiki kang ora ngerti babagan cerita ing daerahe dhewe. Sejatine
cerita rakyat iku ngemu surasa kang gedhe banget tumprap kanggo bocah-bocah,
hususe kanggo pendidikan budi pekerti. Kayata cerita kancil karo baya, malin
kundang lan liya liyane.
Perangane
cerita rakyat yaiku :
1.
Cerita fiksi
a.
Mite
Yaiku
dongeng kang ana hubungane karo alam lelembut, alam gaip.
Tuladhane
: Nyi Roro Kidul, Nyi Blorong, Gendruwo, tuyul lan liya liyane.
b.
Fabel
Yaiku
dongeng kang peragane awujud kewan kang bisa celathu kaya manungsa
Tuladhane
: Kancil nyolong timun, Kancil karo baya, Kancil karo macan, Gajah musuh semut
lan liya liyane
c.
Legenda
Yaiku
dongeng gegandengan karo dumadine sawijining papan utawa barang
Tuladhane
: Asal usul rawa pening, Asal usul Desa Grantung, Watu malin kundang lan lya
liyane
2.
Cerita non fiksi
a.
Hikayat
Yaiku
cerita kang mbahas babagan peragane kanthi jelas.
Tuladhane
: Hikayat Hang Tuah, Hikayat Bahtiar lan liya liyane
b.
Babad
Yaiku
cerita kang ana bukti lan nyatane, nanging wis ditambahi cerita kang ora
nggenah.
Tuladhane
: Babad Tanah Jawi, babad Mataram, Babad Majapahit lan liya liyane.
c.
Sejarah
Yaiku
cerita kang bener-bener kedadian la nana bukti nyatane.
Tuladhane
: Sejarah Jendral Soedirman, Sejarah Majapahit , Sejarah Wali Perkasa lan liya
liyane
d.
Roman
Yaiku
cerita kang nggambarake uripe pawongan mulai lair tekan pati.
Jenise
roman : Roman Adat, Roman Sosial, Roman Detektif lan liya liyane
Tidak ada komentar:
Posting Komentar