Sugeng Rawuh Wonten Bandhongan.blogspot.com

Jumat, 13 Desember 2013

Lairipun Raden Gathutkaca





Kacariyos saking kasatrian Jodhipati, Dewi Arimbi nglairaken Putra, inggih menika Raden Gathutkaca. Ananging ingkang Rama, Raden Werkudara judheg penggalihipun, amargi tali puseripun Si cabang bayi boten saget dipunkethok. Sanajan sampun ngagem pusakanipun Raden Werkudara, inggihmenika kuku pancanaka, ingkang kondang landepipun. Saklajengipun Raden Werkudara nuwun sraya dhateng Raka Prabu, Sri Bhatara Kresna.
Prabu kresna lajeng ngutus Raden Arjuna supados ngampil pusaka kentawijayadanu dhateng kayangan jonggring saloka. Ananging pusaka punika sampun dipun paringaken dhateng Raden Suryaputra kalian Jawata. Raden Arjuna enggal – enggal madosi Raden Suryaputra, wonten mergi Raden Arjuna kepanggih kalian Raden Suryaputra, Raden Arjuna bade nuwun pusaka punika, ananging Raden Suryaputra boten keparengaken. Saklajengipun pusaka punika dados rebutan kalian Kesatria kekalih. Raden Arjuna saget ngrebut pusaka kentawijayadanu. Sakmenika Raden Arjuna enggal kondur wonten kesatrian Jodhipati.
Sakmenika pusaka dipunbikak sedaya sami kaget, awit ingkang karebat menika naming warangkanipun. Dening Raden Werkudara warangka kalawau lajeng katamakaken wonten ing puseripun Raden Gathutkaca. Sanalika puseripun pedhot, ari –ari musna, nanging warangka sirna manjing puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara bingung, ananging menika sampun dados tekdiripun. Dawuhibun Sri Bharata Kresna bilih Raden Gathutkaca menika benjang bakal dados Kesatria ingkang sekti mandraguna, ananging tiba patinipun menawi pusaka kentawijayadanu nyatu kalian warangkanipun ingkang sampun manjung wonten puseripun Raden Gathutkaca.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar