Sugeng Rawuh Wonten Bandhongan.blogspot.com

Kamis, 05 Desember 2013

Ndamel Sesorah



SESORAH

          Micara, sesorah utawi pidhato ugi kasebat medhar sabda, inggih nglairaken gagasan, pamanggih utawi osiking manah sarana lesan wonten sangajenging tiyang kathah. Tumindak micara punika ateges sedaya paripolahing tiyang ingkang mujudaken polahing tumindak, kalebet obahing anggota badan, pasuryan, penggalihan, raos pangraos, sarta jiwaning manungsa. Pramila menawi wonten panindaking micara sawenehing tiyang boten saged lumampah kanthi sae, nedahaken bilih tiyang gesang punika kasunyatanipun kirang sampurna. Mila sesorah kedah dipungladhi, tansah nyinau serta nulad tetiyang ingkang sampun limpad, langkung-langkung ngengingi unggah-ungguhing basa saha parama sastranipun.
          Menawi makaten, micara wonten ing sangajenging tiyang kathah punika boten gampil, pramila kedah nggadhahi sangu mawarni-warni pengalaman, remen gladhen utawi latihan, wasis ngginakaken basa rinengga, purwakanthi, parikan, wangsalan, lan sanes-sanesipun. Pidhato utawi micara punika saged dipunbentenaken wonten warni sekawan.

1. Sesorah kanthi Cara/Modhel Apalan (MEMORITER)
Sesorah kanthi cara punika, saderengipun sampun damel seratan pidhato lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun persis kaliyan cathetan. Dados boten mawi pamanggih-pamanggih enggal, raos pangraos, amargi sampun kapurba dening cathetan. Ing mriki adhakanipun menawi apalanipun wonten ingkang kesupen, lajeng saged thithal utawi kesupen sedayanipun.

2. Sesorah kanthi Cara Naskah/Teks (MANUSKRIP)
Pidhato cara naskah utawi teks punika pamicara saestu bekta naskah/teks utawi cathetan lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipunapalaken.
Cara punika asring dipunginakaken dening para punggawaning negari mliginipun wonten ing acara upacara resmi, laporan-laporan, lan sanesipun, ancasipun supados boten mlenceng saking tujuan sakawit saha boten klentu.

3. Sesorah kanthi Cara Dadakan (IMPROMTU)
Sesorah cara dadakan punika cara pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi pidhato utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi pidhato.
Kanthi cara punika piyantunipun kedah ingkang sampun beken (mumpuni) lan padatan panic sampun kulinten pidhato. Sangunipun cara sesorah punika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman saha seserepanipun.

4. Sesorah kanthi Cara Ekstemporan
Pidhato cara punika juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit (outline) minangka gawan utawi pangemut-emuturutaning ingkang badhe dipungendikakaken.
Cathetan kala wau namung wos-wosipin utawi garis ageng, ingkang badhe dipunaturakensarta prakawis minangka panjurung (supporting point), ing salajengipun samangke badhe dipungrembakakaken kanthi pemanggih-pemanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana nalikanipun saweg pidhato.
Sangunipun Juru Sesorah/Pidhato
Tiyang ingkang pinitados pidhato kedah anggadhahi sangu gangsal perkawis, inggih punika:
  1. nguwaosi bahan/materi utawi perkawis ingkang badhe dipunngendikakaken
  2. anggadhahi raos wanton micara ngadhepi tiyang kathah
  3. patrap utawi sikap ingkang manteb lan luwes
  4. busana lan ngadi salira ingkang trep
  5. basa lan sastra ingkang gampil dipuntampi lan pas panganggenipun

Urut-urutane sesorah:

1. Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakormatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.

2. Pamuji
Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung.

3. Isi/wigatining sesorah
Ngaturake apa ancas/tujuane sesorah. Tuladha adicara pepisahan siswa kelas IX, pengetan dina Kartini, ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial

4. Pangarep-arep
Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane(cita-cita) bisa kaleksanan. Tuladha: sing lulus sekolah bisa oleh gawean, sing ulang taun (ambal warsa) bisa lancar sekolahe, sing dadi manten bisa tentrem anggone mbangun bale wisma, ceramah apa kang diandharake/diterangke migunani marang para tamu/rawuh

5. Panutup
Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone sesorah/pidato ana kaluputan ing bab basa lan tindak tanduk.
Sesorah ditutup kanthi Salam utawa nuwun/matur nuwun.

TULADHA-TULADHA SESORAH

1. Tuladha sesorah ambal warsa (ulang tahun SMP)
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Nuwun,
Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah,
Ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu Guru,
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Karyawan,
Para kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing sambekala
Salajengipun, kula ingkang pinangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan saged damel regenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken agunging panuwun boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih kaleksanananipun sedya pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa ingkang kaping -60 ing kalenggahan siyang punika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu Guru sumarambah Para Karyawan ingkang kepareng paring iguh pratikel murih pratitising adicara punika. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa , ingkang asung sabiyantu ngantos adicara punika saged kaleksanan kanthi gancar.
Para Bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Bilih wigatosing gati , panjenengan kasuwun rawuh ing pahargayan ambal warsa SMP Tunas Bangsa kaping-60 punika kanthi ancas, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ngandelaken tekad majengangaken panggula wenthah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.
Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa dalah pameran, bazaar, tuwin pentas seni, badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Kepala sekolah . mugi-mugi kanthi wedharan samangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh labetipun para sesepuh tuwin alumni SMP Tunas Bangsa rikala semanten sanyata awrat. Ingkang tundhonipun saged nglajengaken semangatipun, pangurbananipun miwah ngukir prestasi ing tataran nasional punapa dene internasional. Awit saking punika, kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak kepala sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa ingkang kaping-60 kalajengaken hambuka adicara pameran, bazaar, dalah pentas seni.
Ing wasana, sugeng mriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara punika kirang mranani penggalih panjenengan, panitya nyuwun agunging pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tatakrama tuwin paramasastra.
Nuwun. Wassalammu’alaikum wr.wb. Matur nuwun.

2. Pasrah calon pinanganten kakung
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun Bapak/Ibu Sena Nugroho ingkang satuhu dhahat kinurmatan.
Kula pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito wingking saking Toyan ,Wates , Kulon Progo
Ingkang sepisan:
Panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito saha para pinisepuh miwah sesepuh ing Toyan Wates Kulon Progo ngaturaken salam taklim katur panjenenganipun Bapak/Ibu Sena Nugroho miwah para pinisepuh lan sesepuh wonten ing tlatah Gunung Ketur, Pakualaman Ngayogyakarta mriki kanthi atur : Assalamu’alaikum Wr.Wb. Saha kinanthenan pepuji mugi-mugi baraya ageng Bapak/Ibu Seno Nugraha dalah warga bebrayan ing mriki tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran, suka rahayu ingkang pinanggih.
Kaping kalihipun:
Kula ingkang tinanggenah masrahaken calon penganten kakung nama bagus Permadi atmajanipun Bapak/Ibu Hadi Sugito kanthi panyuwunan mugi keparenga kadhaupaken kaliyan pun rara Wara Subadra putrinipun Bp/Ibu Seno Nugroho.
Kaping tiganipun :
Saderengipun calon penganten kakung kula pasrahaken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-puji pudyastuti ing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi mugi-mugi upacara ijab qobul miwah pahargyan wiwahan ingkang badhe katindakaken sageda kalampahan kanthi wilujeng kalis ing sambekala.
Ing samangke calon penganten kakung kula pasrahaken ing panjenengan Ingkang punika mbokbilih samudayanipun ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab qobul sampun satata, keparengan ijabing calon pinanganten enggal katindakna.
Wasana kula ingkang tinanggenah masrahaken putra calon panganten kakung bok bilih wonten kuciwaning atur miwah kiranging suba sita, nyuwun sih lumunturing samodra pangaksami, Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

3. Tuladha sesorah Sripah
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Inna Lillahi wa inna illaihi rooji’un 3X
Panjenenganipun Baraya ageng Bapak. Budi Santosa ingkang katemben nandhang dhuhkita ingkang dhahat kinurmatan.
Panjenenganipun para ta’jizah kakung putri ingkang dhahat kinurmatan.
Langkung rumiyin sumangga sesarengan boten kendhat ngaturaken puji syukur konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun kepareng paring karohmatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya awujud gumelaring kabagaswaran satemah saged kempal manunggal ing dalem duhkita mriki saperlu caos pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa. Ingkang salajengipun keparenga kula matur minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana mriki.
Ingkang sepisan:
Warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana ngaturaken ndherek bela sungkawa, awit sedanipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa.
Kita warganing bebrayan nglenggana punapa ingkang panjenengan raosaken, punapa ingkang panjenengan sandhang, kita rerencang ngindhit sungkawa panjenengan mugi andayanana saged ngenthengaken raosing panalangsa lan dhuhkita.
Kaping kalih:
Warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana sami anekseni, bilih nalika sugengipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa sae tumindakipun dhateng bebrayan, mungkul ing panembah lan ngibadah, boten nate damel sakserik dhateng sesami.
Mila paseksen punika mugi kapriksanana ing Pangeran, satemah kepareng paring kanugrahan dhateng alusipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa.
Kaping tiga:
Warganing bebrayan ndherek memuji lan ndedonga, mugi-mugi Gusti Allah SWT, paring pangapunten sadaya dosanipun, paring ganjaran sedaya ngamal kasaenanipun, dipun paringana panggenan ingkang prayogi lan mugi kalebet seda ingkang khusnul khotimah. Amin.
Dene kulawarga ingkang tinilar mugi kaparingana manah ekhlas, sabar lan pasrah, lila nampi panduming Gusti Ingkang Maha Agung.
Cekap semanten atur kula minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana, wonten kirang trapsilaning atur kula, kula nyuwun pangapunten.
Bilahit taufiq wal hidayah.Wassalamu’alaikum wr.wb.
Matur nuwun.

4. Atur panampi calon panganten kakung
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito dalah rombongan calon besan saking Toyan Wates Kulon Progo ingkang dhahat kinurmatan.
Kula ingkang tinanggenah pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak Seno Nugroho kekalih.
Ingkang sepisan :
Ngaturaken pambagya rahayu wilujeng sarawuh panjenengan sedaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki ngiringaken calon penganten kakung saking Toyan Wates Kulon Progo dumugi ing wismanipun Bapak Seno Nugroho mriki.
Ingkang kaping kalih :
Menggah kasugengan saha salam taklimipun Bapak Hadi Sugito sarimbit sampun kula tampi kanthi atur: Wangalaikum salam Wr. Wb.
Ingkang kaping tiganipun:
Bilih pasrah panjenengan calon panganten kakung pun Bagus Permadi kula tampi kanthi suka pirenaning penggalih, lan samangke sasampunipun dumugi ing titi wancinipun miwah samudayanipun sampun satata ing gati badhe kula ijab qobulaken miwah kawiwaha kaliyan anak kula pun Rara Wara Subadra.
Ingkang kaping sekawanipun:
Kula sadaya nyuwun tambahing donga pangestu para tamu sadaya mugi-mugi ijab miwah pawiwahaning putra pinanganten sarimbit tansaha manggih rahayu wilujeng lulus kalis nir ing sambekala.
Wasana hambokbilih wonten kiranging trapsila, buja krama miwah cewet, kuciwa lan lacuting atur anggen kula nampi rawuh panjenengan sedaya, mugi diagung ing pangaksama.
Wassalamu’alaikum, Wr. Wb.
Tuladha isi (topik) sesorah:
1. Syukuran nalika dadi siswa berprestasi
2. Tanggap warsa (ulang tahun) sekolah minangka wakil siswa
3. Mangayubagya kanca kang kapilih dadi pengurus OSIS
4. Syukuran lulus sekolah
5. Ketua panitia ing pentas seni pengetan dina Kamardikan.
6. Syukuran bisa oleh pagaweyan.
7. Pengetan dina Kartini
8. Pengetan dina Pahlawan
9. Supitan/Khitanan
10. Ngresmekake gedung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar