Sugeng Rawuh Wonten Bandhongan.blogspot.com

Jumat, 13 Desember 2013

Cupu Manik Astagina







Kacariyos Bima punika anggadahi guru namanipun Pendeta Durna. Bima menika anggadahi hajat pengen nyucikaken awakipun. Sakmenika Bima bade pados toyo menika kanti nuwun sraya saking gurunipun. Lelampahan punika dipunalangi kalian rayinipun para Pandawa, utaminipun Yudistira. Ananging Yudistira boten saget ngalang – alangi bima.
Bima nuwun pituduh saking gurunipun, inggih menika Pendeta Durna. Pendeta Durna maringi pituduh, bilih toyo suci menika mapan wonten wana tikbrasana. Bima lajeng pamitan bade ngumbara waoten wana, madosi toyo ingkang saget nyucikaken badanipun. Saksampunipun plebet wonten wana katahah alanganipun. Ananging Bima saget ngadepi sedaya alangan punika. Nalika dugi wonten gunung candramuka, Bima plebet wonten gua ing gunung punika, wonten gua Bima dipun adang kalian raksasa kalih, ingggih menika Rukmuka lan Rukmakala. Annging Bima saget ngadepi raksasa kalih kalawau.
Rukmuka lan Rukmakala mati, kalah tanding kalian Bima. Saksampunipun rakasasa wau jelma dados Dewa Indra lan Dewa Bayu, jelmaan punika maringi bisikan dhateng Bima supados kondur wonten ngastina, bilih wonten gua punika boten wonten toyo suci ingkang dipunpadosi. Akhiripun Biwa kondur kanti boten beto toyo suci.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar