1.
Wacana Argumentasi
Argumentasi
yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi pola pikire wong liya supaya pada
karo apa kang dikarepake penulis. Kanthi mbeberake bukti lan kasunyatan,
penulis mbudidaya supaya wong kang maca percaya lan manut tumindak jumbuh karo
apa kang dikarepake.
Tuladha
wacana argumentasi :
Ngombe
alcohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadeake tiwas amarga keracunan utawa
kacilakan. Ing Amerika Serikat saben tahun 25.000 luwih wong mati amarga
kacilakaan lalu lintas awit nyopir kanthi mendem. Luwih saka 150.000 jiwa
tumindak kasar kleebu nglalu, amarga mendem. Ana 40 yuta anak lan bojone padha
sengsara nandhang tekanan mental, awit salah sijine anggota keluarga nyandu
alcohol. Biasane uga wong kang senenge mendem wonge gampang nesu, awake rusak,
pikirane cethek lan seneng sekarepe dhewek.
2.
Wacana Persuasi
Wacana
persuasi iku sawijining seni vocal kang tujuane ngajak wong lia tumindak jumbuh
karo kang dikarepake dening kang celathu. Intine persuasi iku pengajak-ajak
supaya wong kang diajak percaya lan manut ora nganggo paksaan.
Tuladha
persuasi :
a.
Iklan
b.
Kampanye
c.
Propaganda
d.
Selebaran
Persuasi
ndueni anggepan yen pola pikire manungsa iku bisa diowahi. Persuasi minangka
rekadaya nglarasake utawa madaake ben padha sarujuk kanthi padha-padha percaya.
Wong kang nampa persuasi rumangsa melu marem lan seneng awit ora rumangsa
anggone mutusake milih sawijning tumindak.
Kapethik
saka Piwulang Basa Jawa X
Diposkan
oleh Ratri Satya AR Millah di 22.57 0 komentar
Kirimkan
Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook
Tidak ada komentar:
Posting Komentar