Menawi
salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang
saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos
teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.
Ingkang
kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :
1.
Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
2.
Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
3.
Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping
pangagem basa.
4.
pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
5.
sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
Tuladha
Pawarta Televisi
Teks
Pawarta; Jogja TV
Tempat
Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit
taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing
sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara
mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA
menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat
mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka
sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah
satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun
TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi
menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa
déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para
warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika
wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah
pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok
lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.
Teks
Pawarta; TVRI Jogja
Kadang
Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin
tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka
panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing
mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika,
mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi
menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning
Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil
Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara
kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun
warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika
dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut
tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang
dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung,
upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan
ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi
dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul
wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah
saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti
sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan
paméran kerajinan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar