Maca
intensif yaiku maca kathi tujuan bisa mahami
kanthi tenanan marang pendapat ing wacan, urutane, retorise, utawa polane.
Miturut
panggonane ukara baku, paragraph kaperang dadi 2, yaiku dheduksi lan induksi.
Paragraf
dheduksi iku ukara bakune ana ing ngarep
utawa awal paragraf, ukaara panerange ana ing mburine.
Paragraf
induksi iku ukara bakune ana ing mburi
dhewe, ukara-ukara panerange ana ng wiwitan paragraph.
Pamanasan
global kuwi anané prosès mundhaké suhu rata-rata atmosfér, segara, lan dharatan
bumi. Suhu rata-rata global ing lumahing bumi wis ningkat 0.74 ± 0.18 °C (1.33
± 0.32 °F) jroning satus taun pungkasan iki. Intergovernmental Panel on Climate
Change (IPCC) nyimpulaké yèn, "sebagéyan gedhé paningkatan suhu hawa
rata-rata global wiwit pertengahan abad kaping-20 kamungkinan gedhé disebabaké
déning mundhaké konsentrasi gas-gas omah kaca akibat aktivitas
manungsa"[1] liwat èfèk omah kaca. Kesimpulan dhasar iki wis diandharaké
déning saora-orané 30 badan èlmiyah lan akademik, klebu kabèh akademi sains
nasional saka negara-negara G8. Ananging, isih sisa sawetara èlmuwan sing ora
setuju karo sawetara kesimpulan sing diandharaké déning IPCC kasebut. Modhèl
iklim sing didadèkaké acuan déning projek IPCC nuduhaké suhu permukaan global
bakal ningkat 1.1 nganti 6.4 °C (2.0 nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan
2100.[1] Béda ing angka perkiraan iku disebabaké déning panggunaan
skenario-skenario kang béda-béda ngenani emisi gas-gas omah kaca ing mangsa
ngarep, sarta modhèl-modhèl sensitivitas iklim sing béda-béda. Senadyan
sebagéyan gedhé panelitèn munjer marang periode nganti 2100, pamanasan lan
mudhaking lumahing banyu segara dikira-kira bakal terus lumaku sajroning luwih
saka sèwu taun senadyan tingkat emisi gas omah kaca wis stabil.[1] Iki
nggambaraké gedhéné kapasitas panas saka segara.
Mundhaké
suhu global dikira-kira bakal nyebabaké owah-owahan liya kayadéné mundhaké
lumahing banyu segara, mundhaké intensitas fenomena cuaca sing ekstrim,[2]
sarta owah-owahan gunggung lan pola presipitasi. Akibat-akibat pamanasan global
sing liya yakuwi kapengaruhané kasil tetanèn, ilangé gletser, lan punahé
werna-werna jinis kéwan. Sawetara bab-bab sing isih dadi ranguné para èlmuwan
yakuwi ngenani gunggung pamanasan sing dikira-kira bakal kedadéyan ing mangsa
ngarep, lan piyé pamanasan sarta owah-owahan sing dumadi kasebut bakal
bervariasi saka siji dhaerah menyang dhaerah liyané. Nganti wektu iki isih ana
wacana pulitik lan publik ing donya ngenani apa, yèn ana, tindakan sing kudu
dilakoni kanggo ngurangi utawa mbalikaké pamanasan sabanjuré utawa kanggo
adaptasi marang konsekwensi-konsekwensi sing ana. Sebagéyan gedhé pamarintahan
negara-negara ing donya wis napak astani lan ngratifikasi Protokol Kyoto, sing
ngarah marang pangurangan emisi gas-gas omah kaca.
Sakabèhé
sumber energi sing sisa ing Bumi asalé saka srengéngé. Sebagéyan gedhé energi
kasebut jroning wangun radiasi gelombang pèndhèk, klebu cahya sing kasat mata.
Nalika energi iki ngenani lumahing bumi, banjur owah saka cahya dadi panas sing
ngangetaké bumi. Lumahing bumi, bakal nyerep sebagéyan panas lan mantulaké
sisané. Sebagéyan saka panas iki minangka radiasi infra merah gelombang panjang
menyang angkasa. Nanging sebagéyan panas tetep kaperangkap ing atmosfer bumi
akibat numpuké gas omah kaca antara liya uwap banyu, karbon dioksida, lan
metana sing dadi perangkap gelombang radiasi iki. Gas-gas iki nyerep lan
mantulaké manèh radiasi gelombang sing dipancaraké bumi lan akibaté panas
kasebut bakal kasimpen ing lumahing bumi. Bab iki kadadéyan makaping kaping lan
ngakibataké suhu rata-rata taunan bumi terus mundhak. Gas-gas kasebut duwé
fungsi kayadéné fungsi kaca ing omah kaca. Kanthi tansaya mundhaké konsentrasi
gas-gas iki ing atmosfer, saya akèh panas sing kaperangkap ing sangisoré.
Sakbeneré, èfèk omah kaca iki dibutuhaké banget déning kabèh makhluk urip sing
ana ing bumi, amarga tanpa kuwi, planet iki bakal dadi adhem banget. Kanthi
suhu hawa rata-rata 15 °C (59 °F), bumi sakbeneré wis luwih panas 33 °C (59 °F)
kanthi anané èfèk omah kaca[3] (tanpa èfèk mau suhu bumi mung -18 °C saéngga ès
bakal nutupi kabèh lumahing bumi). Ananging suwaliké, akibat gunggungé gas-gas
kasebut wis kaluwihan ing atmosfer, pamanasan global dadi akibaté.
Diposkan
oleh Ratri Satya AR Millah di 13.09 0 komentar
Kirimkan
Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook
Tidak ada komentar:
Posting Komentar