Aja nggersulo
Kabeh kedadeyan
iki wis tinakdir dening Gusti
Becik lawan
apik
Ala kang bisa
gawe lelara
Kabeh sarta
piwulang kang kudu digugu
Wis aja nggersulo
Apa kang tumiba ing pesthi
Kudu bisa narima
Kanti jembaring dhadha
Aja Gampang
Kena Godha
Urip iki mung
sedela
Ora liya kaya
mampir ngombe
Pangkat lan
kamulyan kang dadi rebutan
Nanging tan
gawa pati
Mula aja kena godha
Merga iso gawe sengsara
Sengsara ruh lan sukmane
Siksa kang dadi ganjarane
Yen arep urip
mulya
Kudu kuat
anggone tapa
Surga lan
Neraka
Wus cetha surga
lan neraka kuwi ana
Nanging kenapa
ora padha percaya
Ora padha wedi
Marang panasing
geni
Geni neraka
kang dadi siksa
Tan ana sing peduli
Leladi marang kanistan
Manut marang parintah setan
Merga ora bisa ngempet hawa sanga
Swarga iku
nyata ana
Kumpuling para
wanita
Kang bisa di
apa apa
Kasur babut den
cawisi
Apa kang den
karepi
Bakal tumuju
ana rupa
Nanging padha wuta
Wuta manah ira
Saengga ora bisa mlebu ana ing swarga
Panganggit
Khusnul hamzah (2601412007)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar